Brontosaurus
| Brontosaurus Kalamangsa: Akhir jaman Jura | |
|---|---|
| Wrangka Brontosaurus déning O.C. Marsh | |
fosil | |
| Klasifikasi ngèlmiah | |
| Karajan: | Animalia |
| Filum: | Chordata |
| Klas: | Sauropsida |
| Superordho: | Dinosauria |
| Ordho: | Saurischia |
| Subordho: | Sauropodomorpha |
| Infraordho: | Sauropoda |
| Famili: | Diplodocidae |
| Génus: | Apatosaurus |
| Jeneng binomial | |
| Apatosaurus excelsus (Marsh, 1879) vide Riggs, 1903 | |
| Sinonim | |
| |
Brontosaurus ingkang ateges "kadal kilat" (saking basa Yunani brontē/βροντη ateges kilat, sauros/σαυρος tegesipun 'kadal') inggih punika salah satunggal saking jinising kéwan dhinosaurus sauropoda ingkang boten saged kapanggih malih wonten ing jaman sapunika.[1] Spésies Brontosaurus excelsus punika dipunjenengi déning pamanggihipun inggih punika Othniel Charles Marsh,nalika warsa 1879.[1] Jeneng punika tansah dipunanggé wonten ing literatur resmi ngantos kirang langkung warsa 1974,sananjan sampun asring dipunsebat sadéréngipun kanthi jeneng Apatosaurus,wonten ing warsa 1903.[1]
Anatomi
[besut | besut sumber]Brontosaurus inggih punika dhinosaurus ingkang gadhah gulu panjang sanget ugi kalebet dhinosaurus hèrbivor,gadhah awak ingkang dawanè sawatawis 70-90 kaki (21-27 m), inggilipun saking suku ngantos boyok sawatawis 15 kaki (4,6 mèter), kaliyan bobot sawatawis 33-35 ton abote, bobot kéwan punika kirang langkung ngalangkungi bobotipun 6 gajah.[2][3] Sirahipun kirang saking 2 méter dawané, tengkorakipun dawa kathi bolongan irung ingkang mapan ing sisih inggil lan ukuran uthek ingkang alit.[3].Kéwan hèrbivor punika gadhah gulu dawa (cacah 15 balung),buntut pecut dawa(sawatawis 50 ft=15 mèter dawane), balung geger ngrongga, suku ngajeng langkung alit ugi pendek ketimbang suku wingking kang ageng lan radi dawa.[3] Suku punika kanggé nalika badhé nyrengkuh godhong wonten ing wit-witan ingkang dhuwur.[3]
Fosil
[besut | besut sumber]Fosilipun sampun pinanggih ing Amérika Utara barat ing nagar pérangan Utah, Colorado, kaliyan Wyoming.[4] Brontosaurus kalebet kéwan Sauropoda paling ageng ing antawis sauropoda sanès kados ta Brachiosaurus,kaliyan Diplodocus.[4] Wonten ing jaman gesangipun, Brontosaurus gadhah mungsuh utama dhinosaurus karnivora ageng kados ta Allosaurus.[4] Habitat Brontosaurus limrahipun manggèn wonten ing hutan-hutan tropis.[4]
Anggon manak
[besut | besut sumber]Brontosaurus/Apatosaurus,kados ta sauropoda sanès,manak kanthi cara ngendhog.[5] Brontosaurus nalika wayah ngendhog saged ngedalaken endhog puluhan,nanging boten awujud sarang.[5] Brontosaurus ngendhog nalika ngawontenaken lelungan lan endhogé diedhalaken satunggal baka satunggal.[5] Ukuran endhoge ageng antawis 1 kaki (30 cm) ambané.[5]
Jaman Urip
[besut | besut sumber]
Dipunprakirakaken urip wonten ing jaman Jurasik sawatawis 150 yuta warsa kepengker.[4] Para panaliti gadhah pamanggih manawi wonten kadadéan kepunahan massal nalika samanten.[4] Nanging dèrèng wonten ingkang mangertos kadadéan menapa ingkang ndamel kapunahan mau.[4]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- 1 2 3 www.unmuseum.org Archived 2021-04-16 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 21 Mèi 2011)
- ↑ www.infoplease.com(dipunundhuh 21 Mèi 2011)
- 1 2 3 4 [Bully for the Brontosaurus deni Stephen Jay Gould, W.W. Norton & Company, 1991] Masalah sitiran: Tenger
<ref>ora trep; jeneng "buku 2" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda - 1 2 3 4 5 6 7 www.lifestudiesonline.com(dipunundhuh 21 mei 2011)
- 1 2 3 4 www.enchantedlearning.com(dipunundhuh 21 Mèi 2011)