Menyang kontèn

Elizabeth McGovern

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Elizabeth McGovern (2012)

Elizabeth Lee McGovern[1] (lair 19 Juli 1961)[2] iku aktris Amérika Sarékat. Dhèwèké wus tau nampa bebungah Screen Actors Guild Award, telung nominasi Golden Globe Awards, lan siji nominasi Academy Award.

Dhèwèké lair ing Evanston, Illinois ing tanggal 18 Juli 1961, nanging Elizabeth McGovern akèhé manggon ing Los Angeles ing awal uripé. Sawisé sekolah ing American Conservatory Theater lan Juilliard School, film kapisané yaiku Ordinary People (1980).

Kanggo paragané minangka Evelyn Nesbit ing adhaptasi film Ragtime (1981), dhèwèké nampa nominasi kanggo Academy Award kanggo Aktris Panyengkuyung Apik Dhéwé. Dhèwèké banjur mainanké paraga pokok sawetara film papan dhuwur, kalebu Once Upon a Time in America (1984), She's Having a Baby (1987), The Bedroom Window (1987), The Handmaid's Tale (1990), and The Wings of the Dove (1997).

Ing taun 2007, McGovern, sawisé pirang-pirang taun sinau gitar, mbangun grup musik Sadie and the Hotheads, sing wis ngrilis patang album hwiwit taun 2016. Dhèwèké éntuk pawigatèn internasional sabanjuré déné olèhé maragakaké Cora Crawley, Countess of Grantham, ing sérial drama Inggris Downton Abbey (2010–2015), sing ndadèkaké dhèwèké dinominasèkaké kanggo Emmy Award lan Golden Globe Award. Dhèwèké mbalèni paragané minangka Cora ing film-film sabanjuré Downton Abbey (2019), Downton Abbey: A New Era (2022) lan Downton Abbey: The Grand Finale (2025).

Urip awal

[besut | besut sumber]

Elizabethlair ing Evanston, Illinois, minangka anaké Katharine Wolcott (née Watts), guru sekolah manengah tingkat dhuwur, lan William Montgomery McGovern, Jr., profèsor ing univèrsitas.[3] Dhèwèké katurunan Irlan, Inggris, lan Skotlan.[4]

Réferènsi

[besut | besut sumber]
  1. ↑ "Barack Obama hosts State Dinner for David Cameron at the White House". UK. Associated Press. March 15, 2012. Diarsip saka asliné ing November 18, 2018 – lumantar The Telegraph.
  2. ↑ "Famous birthdays for July 18: Vin Diesel, Kristen Bell". United Press International. July 18, 2019. Diarsip saka asliné ing July 19, 2019. Dibukak ing August 7, 2019. Actor Elizabeth McGovern in 1961 (age 58)
  3. ↑ "Katharine Watts Is Future Bride Of Law Alumnus; Engaged to William M. McGovern Jr., Who Is Harvard Graduate". The New York Times. June 22, 1958.
  4. ↑ Brady, Tara (September 14, 2019). "Elizabeth McGovern: A lifetime of living and acting with alpha males". The Irish Times. Dibukak ing January 31, 2022.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]